Refreshing Ke Pantai Menganti Kebumen
| |Sekali-kali posting karo basa ngapak lah
Sabtu wengi kancaku pada kumpul biasa neng Taman Segitiga , anu pada mumet sedina-dinane rutinitas hariane ngode bae ya raine dadi pada pucet, “Kurang Piknik” bahasa gaul’e.
“Ngesuk minggu ming ndi Jhon?”
Dolan Menganti yuh,
“Menganti Kebumen??”
YA..
Oke, aku juga ra tau meng ngana, sekalian njajal kaya apa jane Pantai Menganti, jane males nek plesiran meng Pantai, ketemune ya banyu asin+pasir. seumur-umur urip neng Banyumas, nemu Pantai apik pas lagi neng Tegal (Loh kiye tah udu neng Banyumas), Pantai Alam Indah.
Fix jam 10 minggu awan tek samperi siji-siji, dasare kancaku mblasur ya kumpule jam 11 awan, telat sejam, sejam nek go mlaku wis olih 20KM mbok’an. Cus mangkat mung bocah 4 tok, liane pada esih turu, ditelpon ra diangkat.
Laju motor tek gawa santean bae sing penting selamet, tekan tujuan jam 2, berarti lajune 3 jam, ya genah anu dilaju santean+karo ngaso neng POM Bensin disit.
Ujarku wis gutul jebule esih adoh 3KM maning, kue sing di kotak’i semboyane nyindir kancane hahahaha “Wong ra tau Piknik Raine Pucet”
Akhire ya…
3 jam perjalanan, jebule ana pantai mandan apik neng Eks karesidenan Banyumas (Kebumen)
Daripada penasaran langsung bae ra sabar pengin mudun ndeleng pantaine sekang cedek’an.
jebule jand dalan maring ngeneh luar biasa, nglewati perbukitan, naik turun kelak kelok. Untunge udu hari liburan maring ngeneh dadi giline sepi, pengalamane kancaku ndisit meng ngeneh pas liburan bada fitri, giline macet, genah anu nggawane motor matic ya jelas ra kuat pas tanjakan nek ora ngancer-ancer lajune, akibate ya Fan Belt‘e geseng rusak.
saran sih nek arep maring ngeneh gawa motor transmisi bae aja matic.
Tiket mlebune pas udu hari raya kiye ya mung 5 ewu + ketambahan go parkir 2 ewu. Neng kene fasilitas lumayan lengkap lah, ana TPI (Tempat Pelelangan Ikan) cocok go sing arepan tuku iwak laut, Warung Makan (Regane umum), neng nduwure maning ana HomeStay plus Villa-ne.
muter-muter area wisata nemu tempat apik neng kene neng Kabupaten Kebumen,
bener ya, jebule pantai menganti kue jand apik, biasane pantai selatan sing biasa tek kunjungi (Widara Payung, Bunton) warna banyune butek, kiye jand masya ALLoh birune bening.
ujarku neng ngisor kae anu rumah Honai (Papua)
bening mbok mas mba, apa anu lagi musim’e ndean.
wis genah ana Plank Norma Wisata ya esih bae di”uyuhi” bener-bener bocah sopan kiye.
mubeng-mubeng suwe dadi kencot, akhire golet madang neng warung ngisor, alhamdulillah regane seduluran, ora kaya tempat wisata tanggane sing regane nuthuk, tapi ya mbuh juga dink nenk hari raya liburan regane bisa sejen ndean.
Madang disambi ndeleng pemandangan Pantai Menganti, nek kae menungsa sing neng pojok anu lagi ndelengi sing ora-ora, hahaha.
neng kene nyampe maghrib mbene bali, sekalian ndeleng “Sunset di Tanah Religi”
Wis lah kesel ceritane wis dawa ikih ya, suwun wis gelem maca tulisan ra genah kiye, daripada penasaran, monggo bae tekani langsung tempate.
sekarang banyak wisata kebumen, misalnya saja pantai di desa pasir
info lengkapnya donk Kang, tentang wisata Panta desa pasir. Kali aja kami diberi kesempatan untuk mengunjunginya suatu saat nanti..
critane gawe ngakak Bro, Jan nyong dudu Wong banyumas tapi ngefans nemen karo kota banyumas,
hahaha, lah sampean iki asale ndi??
Keren bgt jhiaanndd…kpn nyg baa mg menganti
ayuh mangkat bareng , calling aku disit ya, hahaha
Sayange rika urung ngunggah foto pasir putihe kue kang Lukman..ben kanca2 liyane pada ngerti nek pantai menganti kue pasire putih, banyune juga selalu biru resik ora kenal musim..tp ya wis joss bgt kue infone nggo kanca2
dadi kaya kiye ceritane Kang,, Camera Digitalku baterene wis entong wektu kue,, lah nek kamera HP anu HP jadul dadi ra genah